Cogito Ergo Sum (Aku Berpikir maka aku ada) - Rene Descartes - Blog yang berisi tentang segala macam pemikiran, ide, gagasan untuk kebaikan hidup
Wednesday, 3 August 2022
Thursday, 28 July 2022
Saturday, 23 July 2022
Tuesday, 19 July 2022
Monday, 30 May 2022
Friday, 18 March 2022
Monday, 14 March 2022
Tuesday, 22 February 2022
Kesusastraan : Serat Wulangreh Pupuh Durma
DURMA
Durma : diartikne saka tembung munduring tata krama. Digambarake
manungsa mesthi duweni watak kang ala, wengis, iri dengki srei, nesu lan
angkara murka.
D U
R M A
01
Dipun sami
ambanting ing badanira, nyudha dhahar lan guling, darapon sudaa, nepsu kang
ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadya sabarang, karyanira lestari.
Biasakanlah
melatih dirimu untuk prihatin dengan mengurangi makan dan tidur agar berkurang
nafsu yang menggelora, heningkan hatimu hingga tercapai yang kau inginkan
02
Ing
pangrawuh lair batin aja mamang, yen sira wus udani, mring sariranira, lamun
ana kang Murba, masesa ing alam kabir, dadi sabarang, pakaryanira ugi.
Janganlah
ragu terhadap pengetahuan lahir batin. Jika kau memahami bahwa dalam kehidupan
ini ada yang berkuasa, mudah-mudahan keinginanmu terkabul
03
Bener luput
ala becik lawan beja, cilaka mapan saking, ing badan priyangga, dudu saking
wong liya, mulane den ngati-ati, sakeh dirgama, singgahana den eling.
Benar
salah, baik buruk, serta untung rugi, bukankah berasal dari dirimu sendiri?
Bukan dari orang lain. oleh karena itu, hati-hatilah terhadap segala ancaman,
hindari dan ingat
04
Apan ana
sesiku telung prakara, nanging gedhe pribadi, puniki lilira, yokang telung
prakara, poma ywa nggunggung sireki, sarta lan aja, nacat kepati pati.
Bukankah
ada tiga perkara utama yang akan membesarkanmu? Ketiga perkara tersebut adalah
jangan menyombongkan diri, jangan mecela
05
Lawan aja
maoni sabarang karya, sithik-sithik memaoni, samubarang polah, tan kena wong
kumlebat, ing masa mengko puniki, apan wus lumrah, uga padha maoni.
Dan
jangan mengritik hasil orang lain, sedikit-sedikit mengritik, segala tingkah
orang lain dikritik. Memang zaman sekarang sudah lumrah orang mengritik
06
Mung tindake
dhewe datan winaonan, ngrasa bener pribadi, sanadyan benera, yen tindake wong
liya, pasti den arani sisip, iku wong ala, ngganggo bener pribadi.
Hanya hasil
karya sendiri yang tidak dikritik karena merasa paling benar. Meskipun benar,
jika perbuatan orang lain pasti dikatakan salah. Hal itu salah karena
kebenarannya menggunakan (ukuran) diri sendiri
07
Nora nana
panggawe kang luwih gampang, kaya wong memamaoni, sira eling-eling, aja sugih
waonan, den sami salajeng budi, ingkang prayoga, sapa-sapa kang lali.
Tidak
ada perbuatan yang lebih mudah daripada mengritik. Kau ingatlah, jangan terlalu
sering mengritik, selalulah berpikir baik. Barang siapa yang lupa
08
Ingkang
eling iku padha angilangna, marang sanak kanca kang lali, den nedya raharja,
mangkono tindakira, yen tan nggugu liya uwis, teka menenga, mung aja sok
ngrasani.
Dari
yang ingat, maka ingatkan. Kepada sanak dan kerabat semoga bahagia. Begitu
seharusnya tidakanmu, namun jika tidak diturut, maka diamlah, namun jangan
membicarakan
09
Nemu dosa
gawanen sakpadha-padha, dene wong ngalem ugi, yen durung pratela, ing temen
becikira, aja age nggunggung kaki, meneh tan nyata, dadi cirinireki.
Kau akan
berdosa pada sesame. Begitupun jika kau memuji yang belum kaubuktikan
kebenarannya, jangan terburu-buru memuji, Anakku. Karena jika tidak
terbukti malah akan menjadi celaan
10
Dene kang
wus kaprah ing masa samangkya, yen ana den senengi, ing pangalemira, pan kongsi
pandirangan, matane kongsi malirik, nadyan alaa, ginunggung becik ugi.
Adapun
yang sering terjadi pada zaman sekarang adalah jika ada orang yang disenanginya
maka dipuji setinggi langit sampai matanya melotot, meskipun jelek tetapi tetap
dikatakan baik
11
Aja ngalem
aja mada lamun bisa, yen uga masa mangkin iya ing sabarang, yen nora sinenengan,
den poyok kapati pati, nora prasaja, sabarang kang den pikir.
Kalau
bisa, jangan memuji atau mencela. Namun kini, jika tidak disenangi maka akan
dicela habis-habisan, yang dipikirkan pun bermacam-macam
12
Ngandhut
rukun becike ngarep kewala, ing wuri angarsani, ingkang ora-ora, kabeh kang
rinasanan, ala becik den rasani, tan parah-parah, wirangronge gumanti.
Pada
awalnya berpura-pura baik, tetapi di belakang diomongkan yang bukan-bukan,
pembicaraan pun berganti (wirangrong merupakan isyarat pergantian pola tembang
beirkutnya, yaitu wirangrong)
Sumber:https://panditoblog.wordpress.com/2012/05/17/serat-wulangreh/